Menyang kontèn

Géografi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Versi yang bisa dicetak tidak lagi didukung dan mungkin memiliki kesalahan tampilan. Tolong perbarui markah penjelajah Anda dan gunakan fungsi cetak penjelajah yang baku.
     
Kaca samak Geographia cetaan taun 1535

.

Géografi iku asal katané saka basa Yunani yaiku utawa Bumi lan graphein utawa nulis/njelasaké. Géografi iku èlmu bab enggon utawa lokasi ing planit bumi sing dikaitké karo wangun-wangun fisik ing lumah bumi lan manungsa. Lokasi lan wangun-wangun fisik lumah bumi iku gampang dipirsani saka peta, mulané akèh duwé pamahaman (ciut) yèn géografi iku padha karo èlmu peta kamangka peta iku mung salah siji prangkat ing géografi.

Wangun-wangun fisik lumah bumi sing dikaitké karo èlmu-èlmu géologi, géodesi, oceanografi lan atmosfer iku dadi salah siji cabang èlmu géografi yaiku ngèlmu bumi.

Sajarah

Géografi dikenal dadi èlmu iku wiwit abad kaping 18, dhasaré yaiku saka cathetan-cathetan lan pangalaman-pangalaman para panjlajah bumi. Banjur èlmu iku ngrembaka lan kenceng gandhèng cènèngé karo èlmu-èlmu géologi, botani, ékonomi, sosiologi lan demografi.

Mangga pirsani

Pranala njaba

Cithakan:Cabang ngèlmu sosial